taun 1665 déning sawijining èlmuwan Inggris
Robert Hooke sing wus nliti irisan tipis
gabus nganggo
mikroskop sing dirancang dhéwé. Tembung
sèl asalé saka tembung
Latin cellulae sing tegesé 'kamar-kamar cilik'.
Anton van Leeuwenhoek nglakokaké akèh pangamatan marang benda-benda lan jasad-jasad renik lan nedahaké sepisanan marang donya yèn ana "kauripan ing donya liya" sing durung tau dideleng déning manungsa. Karyané dadi dhasar kanggo cawang
biologi sing wigati saiki yaiku
mikrobiologi.

Perkembangan mikroskop suwéné mèh 200 taun sabanjuré wis mènèhi kasempatan marang para ahli kanggo nliti susunan awak makluk urip. Sarangkéyan panlitèn wis dilakokaké déning rong èlmuwan saka
Jerman yaiku
Matthias Schleiden (ahli tetenduran,
1804-1881) lan
Theodor Schwann (ahli kéwan,
1810-
1882). Loro èlmuwan mau nyimpulaké yèn saben makluk urip kasusun saka sèl. Sabanjuré ing taun
1885 sawijining èlmuwan Jerman,
Rudolf Virchow, ngamati yèn sèl bisa milah dhiri lan mbentuk sèl-sèl anyar.
0 komentar:
Posting Komentar